Saturday, April 20, 2013

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Contoh Pidato Bahasa Jawa Peringatan Maulid dan Isra' Mi'roj Nabi Muhammad SAW

    Lumintunign pudji hastawa sangking gusti kang maha asih tumanduk mring kaula dasih,kacihna wonten ing kalenggahan menika kula dalah panjenengan sedaya,pinerangaken makempal manunggal wonten ing madyaning sasana  saha swasana menika, kanthi winengku keraharjan saha kebagaswarsan, lulus mulya manggih raharja nir ing sambikala.
    Sholawat saha salam mugi kunjuk dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW. Ingkang mbetha pinten-pinten pitedah saha wewarah dumateng tiang sakjagad, bebasan paring teken dateng tiang ingkang nandang kelunyon paring obar dateng obor dateng tiang ingkang nandang kalunyon,nyuwun inggih arupi agama islam ingkang sayekti.Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :

    Dumateng para alim para ulama' ,para Kyai,para sepuh pini sepuh aji sepuh ingkang kaula hormati.
    Dumateng para tamu undagan,wabil khusus dumateng pangemban pangembating praja miwah satrianing nagari ingkang hambek para marta berbudi bawa leksana. ingkang kaula hormati ugi.
    Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedaya ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawula kangge nyambut acara meniko wonten ing Maulid nabi agung Muhammad SAW.kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu lan ngrungoake ceramah agama.
    Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo hangaturaken sewu agunging apnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya .Dumaeng pihak-pihak ingkang sampun bekerja sama atas terselenggaraipui pengaosan menika, awit sangking penyumbang dana ngantos ingkang sampun nyumbag tenaga saha wekdalipun kangge acara punika.
    Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula sakadang hangrumaosi bilih anggenipun hanggaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.
Kula kinten atur pembuka pengetan dinten maulid nabi ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon.
Cekap semanten atur kula, akhiru kalam billahi taufiq walhidayah
Wassalamu’laikum Wr. Wb.



Terkait

Description: Contoh Pidato Bahasa Jawa Rating: 4.5 Reviewer: Unknown ItemReviewed: Contoh Pidato Bahasa Jawa
Al
Mbah Qopet Updated at: 4/20/2013 09:31:00 AM

0 comments:

Post a Comment